« Takut Miskin | Home | Uleman (Undangan Versi Bahasa Jawa) »

Gupuh, Aruh, Lungguh

By dhista | December 28, 2006

Sing jenenge kajatan gede koyok kemantenan mestine dudu prastawa sing mak jegagik—moro-moro ono. Kajatan ngono mung sawijine kedadean sing dilantari prastawa-prastawa gedhe-cilik sakdurunge.
Sing koyo mengkono yo dialami Putri karo Yudhista. Mangkane sanalika krenteg-karepe njangkah nang ndonya uripe wong gegarwan, akeh uwong sing nganggep iku mung angin saklebatan kang bakal ilang ora ninggalake tracak. Sebab sing ongko sepisan, si Putri dewe yo durung rampung kewajiban kuliahe.
Ora aneh yen nate kaucap “Emange rabi iku mbok kiro gampang ngono tah? Wong ndek omah ae males nyandhak penggawean kok arepe rabi. Tapi lek kepinginanmu ngono yo wes gak opo-opo. Pokoke elingo janjimu bakal nyelesekno kuliahmu nganti dadi sarjana”, ucape bu Mardiani—ibune Putri. “Sopo sing gak bangga coba, iso nyekolahno anake nganti sarjana”, ditambahi timpalane Budiono, sang rama.
Pacelathon sing podo substansine yo marak soko sanak sedulur liyane. Ora kurang, mas Alex malah menehi saran ben podho tunangan dhisik wae, “coba dipikirkan lagi, nikah itu bukan untuk sehari”. Ing kamangka, nalika iku lakune Putri wis njangkah babak lamaran informal. Anto, pakdhene Putri uga sarujuk, ngangge pocap sing katambah “Jangan lupa kamu juga harus janji sama mama dan papamu buat nyelesein kuliah”.
Jarwane, meh kabeh para kadang ngedhang-dhangi cara alus ing pengarepan, ning mburine nggembol kepelan. Ngadhepi babagan iki Putri rumangsa kejepit. Mongso ono sampek titi wancine lamaran, para sanak-kadang isih ngripta pitakon sing intine nggubel niyat luhung iku.
Ing sajroning kahanan iki pancen calon temantene rada keponthal-ponthal anggone ngawekani pangempyoke pitutur mau. Senajan kabendunga dikayangapa, niyat luhung iku rupane wis ora iso diendhani eja-wantahe. Gedhene katresnan dumadi kuwawane manungsa sing nglakoni.
Antarane sakehing sanak sing isih nyengsekne, keprungu estune Mbah Sri’ah, “Yo gak opo-opo nikah. Mbah ngono mung ndongakno mugo-mugo dadi keluarga sing uripe langgeng lan ayem tentrem”. Pangucap iku ndadekno adhem athine wayah keloron.
Ning perkara iki ora cukup dipungkasi mawa rasa mongkog utawa lerem. Kekuncaran ing laku iku kang bakal cinathet ing sadawane critane ngaurip. (Dhista-Putri)

Topics: Nikah |

One Response to “Gupuh, Aruh, Lungguh”

  1. reeling-ripe crop Says:
    October 21st, 2007 at 5:23 am

    Dying is a very dull, dreary affair And my advice to you is to have nothing whatever to do with it — W Somerset Maugham

Comments

Feed

Profil

Kami, sepasang pengantin. Mengarungi biduk kecil di samudra dunia.

Blogroll

Search